SUNGKEMAN
SUNGKEMAN Tegesipun tembung sungkem inggih menika minangka tandha bekti saha pakurmatan ingkang katindakaken dening penganten kakung wonten ing ngarsanipun tiyang sepuh saha kaluwarga ingkang langkung sepuh ( pinisepuh ) kekalihipun, mujudaken tandha bekti saha panuwun awit saking tuntunan wiwit lair dumugi bebrayan. Kajawi punika, penganten kakung nyuwun pangestu anggenipun mbangun bebrayan enggal, supados tansah pikantuk berkah saha sih rahmatipun Gusti. S ungkeman nggadhahi makna ingkang lebet, ing antawisipun nanemaken nilai-nilai luhur, kados ngurmati tiyang sepuh, ngaosi welas asih, lan njunjung inggil adat istiadat. Saliyane iku, ugi nglatih kerendahan manah, wujud ungkapan matur nuwun, sarta nedha pangapunten lan restu. Prosesé dimulai saka sungkeman marang wong tua pengantin wanita, banjur diterusaké me...